Kamis, 16 April 2009

Wong Jowo Ilang Jowone

Aku saiki Alhamdulillah wes oleh kerjo neng kuto Jakarta, yo walaupun mung gaji cilik tapi tetep aku bersyukur karo sing gawe urip yo kuwi Gusti Alloh SWT. Awit soko taun 2005 aku wes kerjo neng kuto Jakarta, dadi yo wes meh apal karo kerameane kuto Jakarta sing terkenal macet dalane nek le mangkat kerjo nek ora mruput yo mesti tekan kantor telat. Terus walaupun wes mruput le mangkat kerjo yo tetep desek-desekan le numpak bis, wah yo koyo ngene iki urip neng kuto Metropolitan. Nek tak critakke kabeh iso dijilid dadi buku…

Wes koyo adate ben taun nek riyoyo (lebaran_red) aku melu mudik neng kampungku jogjakarta. Walah-walah, nek lebaran lautan menungso mbludak neng stasiun-stasiun kreto api, terminal-terminal bis, bandara montor mabur. Di umpamakke arep napas wae susah, tapi aku tetep legowo ngantri. Lha wong kepengin ketemu bojoku sing duwe jeneng Selina Apit Candra je opo wae tetep dilakoni. Alhamdulillah tanggal 26 januari 2009 wingi anak pertamaku lair normal lan slamet kabeh, bobote 2,4 kg dowone 46 cm kelamine cewek lan tak wenehi jeneng Maritza Nadine Gantari sing artine kurang luwih kekarepan seng tansah oleh ridlo Ilahi lan wenehi pepadang karo keluwargo (Amin). Lha wong anak pertama yo opo-opo sing nomer siji. Tapi yo ndilalahe wes dadi kebiasaan nek kerjo nganggo boso Indonesia yo pas ngudang anakku nganggo boso Indonesia ben gaul. Tapi karo wong tuwaku di wenehi ngerti yen ngudang utowo ngomong karo anak nganggo boso Jowo wae ben besuk yen wes gedhe ben ngerti unggah-ungguh lan toto kromo karo wong tuwo lan kanggo nguri-nguri kabudayan Jowo seng wes akeh ditinggalke. Seko omongane mamakku kuwi aku dadi mikir yen bener opo sing di omongke karo mamak, amargo okeh wong sing ketokke luwih bangga yen anakke di ajari boso Indonesia ketimbang boso Jowo. Lha wong walaupun ora diajari boso Indonesia wae sesok nek wes sekolah kan iso sinau boso Indonesia neng sekolahan. Seko pandelenganku ugo unggah-ungguh, toto kromo karo wong tuwo wae wes luntur. Okeh pemuda saiki wes ora ono unggah-ungguh karo wong tuwo. Lha wong ngomong karo wong tuwo wae nganggo boso Jowo ngoko je, padahal nek di sinau boso jowo kuwi nek ora kleru di bagi 3 tingkatan yoiku boso jowo ngoko, boso jowo kromo, lan boso jowo kromo hinggil. Pangertene boso jowo ngoko kuwi dienggo podo-podo ( sak pantaran ), boso jowo kromo kuwi dienggo ngomong awake dhewe karo wong tuwo, lha nek yen boso jowo kromo hinggil kuwi dienggo ngomong awake dhewe karo simbah utowo wong sing dhuwur pangkate. Opo meneh saiki yen tak delok yen ono hajatan nikahan sing nyinom mung sethitik ora koyo mbiyen. Terus nek wes kerjo neng Jakarta mesti nek mulih sing di gowo kabudayan Jakarta dudu jowone, maksute soko coro pakaiane, coro le ngomong wes nganggo “lu lu gue gue” wis persis koyo sing ning sinetron. Makane sinuwun Sri Sultan Hamengku Buwono X pernah ngendiko yen okeh “Wong Jowo Ilang Jowone”. Soko tulisanku iki aku ngajak karo konco-konco sing soko jowo ojo nganti awakke dhewe disebut “Wong Jowo Ilang Jowone”, lan tansah nguri-nguri kabudayan Jowo sing adhiluhung sing neng negoro ngendi wae ora ono. Ojo nganti kabudayan jowo di jiplak lan diakui karo negoro liyo, ojo nganti gamelan, wayang wong, wayang kulit, kethoprak sing iku nyoto-nyoto kabudayan jowo ilang lan di akui karo negoro liyo. Mugo-mugo generasi mudo saiki lan sesok tansah eling marang kabudayan jowo lan mugo-mugo kabudayan jowo tetep lestari tekan kiamat. Amin……..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

silakan berkomentar disini tapi yang bersifat membangun ya, dan jangan menggunakan kata-kata kasar. terima kasih telah mengunjungi blog saya.