Senin, 23 April 2018

Ragam Upacara Adat Jawa

  1. Sing Ono Hubungane Karo Wong
  • Ngupat
Ngupat utawa ngupati iku salahsijining upacara adat sing diselenggara'ake wektu calon ibu mbobot 4 sasi. Tembung "ngupat" asale saka tembung papat (4) utawa kupat. Tujuane upacara adat iki kanggo keslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sifate tolak bala dadi padha karo upacara adat mitoni. Sing radha bedha karo upacara adat mètèng liyane yaiku ana sajian kupat neng kendhuren ngupati, kupat iki uga diserta'ake neng besek sing digawa bali undangan sing hadir.
Maknane Ngupat sejatine kanggo pralambang yen jabang bayi wis mlebu neng tahap kaping papat neng proses penciptaan menungsa.
Wektune Upacara adat ngupat kudhu di anaake neng dina sing apik miturut etungan dina Jawa.

  • Ngliman
Ngliman iku salahsijining upacara adat wètèngan sing diselenggara'ake wektu calon ibu mbobot 5 wulan. Tembung "ngliman" asale saka tembung lima (5). Tujuane upacara adat iki padha karo ngupatan yaiku upacara kanggo keslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sifate tolak bala.

Upacara adat ngliman iki kurang dikenal neng dhaerah-dhaerah tinentu, bedha karo mitoni sing wis umum dikenal masyarakat Jawa malah uga dikenal neng masyarakat Nusantara.

  • Mitoni
Mitoni iku asale saka tembung pitu (7). Upacara adat iki diselenggara'ake wektu calon ibu meteng 7 sasi, tujuane kanggo keslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sifate tolak bala. Neng dhaerah tinentu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Rangkaian acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutane yaiku siraman, nglebo'ake endog pitik kampung neng jero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebo'ake kelapa gading enom), memutus lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan terakhir kenduren . Acara siraman mung diselenggara'ake kanggo mitoni anak pertama.Miturut adat Jawa mitoni iku kudhu diselenggara'ake neng dina sing bener-bener apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuah awan nganti mbengi.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

silakan berkomentar disini tapi yang bersifat membangun ya, dan jangan menggunakan kata-kata kasar. terima kasih telah mengunjungi blog saya.