Rabu, 05 Agustus 2009

"WOHING KESABARAN"

Alon-alon Kramayudha ngadeg saka lincake tumuju plataran omah. Karo nyawang ndhuwur neng langit dheweke nyumurepi menawa wengi iku pancen rada beda karo padatan.

Desane, Mardikareja, pancen katon reja kanthi anane umbul-umbul. Sedhela-sedhela Kramayudha ngetokake luhe kang tumetes nibani pipine sing wis ora alus. Dheweke sadhar menawa saiki wis ora kaya patang puluh taun kapungkur. Wektu iku dheweke kanthi kekendelane maju perang ngangkat tombak mbela negara lan rajane ngadhepi mungsuh saka tanah sabrang. Saiki awake Kramayudha wis wungkuk ora bisa ngadeg jejeg, suda rungon lan ora cetha anggone nyawang. Omahe wae gubug reyot neng pinggir alas adoh tangga lan sedulur.
Ana jroning batin Kramayudha mung bisa nggetuni awake dhewe sing wis ora duwe sapa-sapa. Wengi iku katon Kramayudha sesambat mengkene, “Dhuh Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, kula pitados Panjenengan mboten sare mila kawula nyuwun mugi-mugi Panjenengan taksih maringi kawelasan dhumateng ingkang abdi.”
Bareng wis sambat kaya mangkono, Kramayudha mlebu ngomah lan nglaras ana lincake. Pancen dheweke ora bisa turu, pikirane nglambrang menyang ngendi-endi.
“Rekasa temen uripku iki, biyen rikala aku isih jaka aku wani perang karo sapa wae sing ngrusak negaraku. Nanging saiki bareng rajane wis ganti malah wani ngenger dadi gedibale negara liya. Pancen tak akoni, rajaku Ranggajati saya suwe saya ngetokake kementhuse, dupeh dadi panguwasa njur sakepenake karo wong cilik. Babar blas dheweke ora kelingan menawa ramane, ya Ranggaharja iku sing bisa nylametake ya mung aku,” Kramayudha nggreneng sakkarepe dhewe.
Kramayudha babar blas ora mangerteni menawa grenengane keprungu dening cecak sing saben dinane ngancani ana ndhuwur lincake. Gandheng ora sabar, cecak mau banjur nyela kaya ngene, “Mbah Krama, mbok uwis ora susah nelangsa terus-terusan. Apa kowe ora nyumurupi menawa anggonmu golek kayu nyang alas iku raketang sithik bisa mbokanggo mangan saben dinane. Wis ta, disukuri wae, ra sah getun karo uripmu saiki lan ora sah mikir neko-neko. Sing penting ta Mbah, awakmu bisa mangan lan ora lara,” rembuge cecak.
“Cak, Cak, kowe ki mung kewan wae bisa kandha kaya mangkono. Hla kok sing manungsa bisane mung lincek-lincek bebungah ana sakndhuwuring rekasane pepadhane. Nanging Cak, banget panarimaku dene kowe saben dina isih gelem ngancani turuku,” kandhane Kramayudha.
Sawise ngomong kaya mangkono, Kramayudha banjur bisa meremake mripate. Saking pulese dheweke ora nyumurupi menawa srengenge wis cumlorot mlebu ana njero gubuke. Bareng sadhar, dheweke kaget menawa kayu ana njero pawone wis entek. Enggal-enggal dheweke menyang sendhang, raup banjur lunga menyang alas.
Tengah awan, Kramayudha leren ana ngisor wit ringin. “Angine sembribit tenan, kaya-kaya aku ora bisa ngampet ngantuk,” kandhane. Bareng sirahe disendhekake wit, Kramayudha bablas ngorok.
Ora let suwe anggone turu, keprungu swara sing saya suwe saya cetha wujude sing nyuwara. Pawongan mau ngendika mengkene, “Anakku, Ngger Kramayudha, tangiya saka anggonira turu.”
Mripate Kramayudha rasa-rasane isih ora gelem mbukak saking ngantuke. Rada sawetara Kramayudha wusana tangi saka anggone turu. Krasa kaget dheweke nyumurupi ana pawongan sing jenggote padha dawane karo jubahe banjur matur mengkene, “Panjenengan menika sinten? Kula dereng nate sapatemon kaliyan panjenengan.”
“Iya, Ngger, ingsun iki salah sawijining dewa. Ingsun mudhun ing ngarcapada kene mung pengin ketemu kalawan sliramu. Miturut petungane para dewa sedhela maneh bakal ana ontran-ontran kang disebabake saka pakartine Ranggadirja. Mula ya Ngger, kanggo nylametake negaramu, ora ana liya ya mung sliramu,” ucape dewa mau.
“Panjenengan mbok nggih mboten sisah ngayawara kados ngaten. Hla wong kula niki pun suda rungon, mripat mboten cetha lan lampag kul augi mboten saged jejeg, kok didhawuhi maju ing palagan. Mbok nggih tiyang sanese ingkah taksih mudha taruna, para prajurit lan pangeran kedhaton rak inggih kathah,” ature Kramayudha.
Dewa mau mangsuli,”Ora ngono, Ngger, iki mau kanggo sarana uga supaya labuh labetmu menyang negaramu bisa diakoni dening Ranggajati. Pancen ora ana srana liyane kejaba sira bakal ingsun dandani dadi jaka mudha padha kaya sliramu maju perang rikala semana.”
Kramayudha banjur saguh mula dheweke didhawuhi lungguh sila semedi nutup babahan hawa sanga. Lan ora let suwe ilang wewujudan Kramayudha banjur katon jaka taruna kang sesilih Mimpangyudha. Sawise entuk piwulang lan piweling warna-warna saka dewa mau Mimpangyudha maju perang nglurug mungsuh ana alun-alun negarane. Prajurit lan para pangeran katon gumun weruh pawongan mudha sing kaprigelane ngecakake gaman ora ana sing nandhingi. Wadya bala mungsuh bubar mlayu kacicir ora ana sing wani maju meneh neng palagan.
Salah sawijining prajurit nyedhaki jaka mau lan matur, “Kisanak kula ngaturaken gunging panuwun awit namung panjenengan ingkang saged ngasoraken mengsah. Mangga sakmenika kula dherekaken matur kaliyan bendara kula, Prabu Ranggajati. Kula lan wadyabala mriki sami nyumurupi kridhanipun panjenengan ingkang nggegirisi.”
Sawise dhamang marang ature para prajurit, Prabu Ranggajati nuli ngendika, “Sineksenan bumi langit lan kabeh rakyatku wiwit dina iki ingsun bakal maringake kalungguhan senapati marang Mimpangyudha. Kejaba kuwi dheweke uga bakal tak dadekake sedulur.”
“Dhuh Gusti sesembahan kula paringana pejah kemawon ingkang abdi awit kumawantu nyenyandhang kados makaten. Menika kala wau namung saking dhawuhipun dewa ingkang sampun mandhap ing ngarcapada. Ingkang abdi menika sejatosipun Kramayudha ingkang cumondhok wonten pinggir alas Babadan.”
Midhanget kaya mengkono, Prabu Ranggajati ora kuwat maneh banjur nubruk, ngrangkul Kramayudha lan ngendika mangkene, “Paman Kramayudha kedahipun kula ingkang pantes kapidana pejah awit ngantos sepriki kula dereng nate nggatosaken sugengipun Paman, ngantos kedharang-dharang wonten pinggir wana. Mangga Paman, sakmenika kula aturi lenggah wonten kedhaton mriki celak kaliyan kula lan saged maringi piwucal bab paprangan. Pramila wiwit dinten menika penjenengan kula dadosaken mahadwija.”
Mendah kaya ngapa bungahe Kramayudha krungu sabdaning sang Prabu Ranggajati. Mula dheweke enggal-enggal ngaturaken puji sukur marang Gusti kang wis nylametake uripe. ::Setyasih Harini::

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

silakan berkomentar disini tapi yang bersifat membangun ya, dan jangan menggunakan kata-kata kasar. terima kasih telah mengunjungi blog saya.