Rabu, 05 Agustus 2009

SIMBAH MANCING

Sore-sore bubar udhan deres, Paijo mancing ning got cilik ndhik ngarepe warunge Mbok Nem.

Sambi rokokan klobhot, Paijo ndhodhok sarungan nyekeli pancinge.

Wong-wong sing podho liwat kono mesti ndhelok Paijo.

Ono sing mesakke, ono sing kudhu ngguyu, ono sing ngiro wong gendheng yo ono sing cuek wae.

Ora suwe Kalimin teko arep lungguh pisan.

Bareng ndhelok Paijo koyo ngono langsung gak mentolo.

”Mbah, ndang melu aku mangan, wis ora usah kuatir aku sing mbayar kabeh.” jare Kalimin.Awale Paijo isin-isin ora gelem, tapi dibujuk-bujuk karo Kalimin akhire gelem.

”Sampeyan pesen panganan opo wae sak senenge,” jare Kalimin.

Bar mangan wareg, Kalimin ngejak Paijo ngobrol.

”Sampeyan mancing ning peceren kono mau mosok ono iwake ?”Kalimin takon.

”Yo ono !! Nek ora ono, lha ngopo tak belani ndhodhok sarungan sak uwen-uwen.” jare Paijo.

”Mosok se Mbah. Wis oleh iwak piro Sampeyan ?” jare Kaliman ora percoyo.

”Awakmu sing ke limo . . .” Jawab Paijo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

silakan berkomentar disini tapi yang bersifat membangun ya, dan jangan menggunakan kata-kata kasar. terima kasih telah mengunjungi blog saya.