Raden Mas Otong : Kowe nduwe omah opo ora.....?
Mas Karjo : Dereng....
Raden Mas Otong : Wah kowe ora iso ketompo nang kene
Mas Karjo : Lho kok ngaten...... ..?
Raden Mas Otong : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
Mas Karjo : Ah.. mboten, kok. Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
Raden Mas Otong : Yo malah ora ketompo
Mas Karjo : Lho kok ngaten.....?
Raden Mas Otong : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.
Raden Mas Otong : Kowe nduwe motor opo ora....?
Mas Karjo : Mboten.
Raden Mas Otong : Ora ketompo
Mas Karjo : Lho kok mboten ketampi?
Raden Mas Otong : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
Mas Karjo : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki.
Raden Mas Otong : Wah malah ra ketompo....
Mas Karjo : Lho kok ngoten...?
Raden Mas Otong : Tempat parkire
Raden Mas Otong : Kowé
Mas Karjo : Sampun, Pak....
Raden Mas Otong : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan bén mbayaré murah
Mas Karjo : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi
Raden Mas Otong : Malah ora ketompo.....
Mas Karjo : Lho, kados pundi, tho....?
Raden Mas Otong : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék
Raden Mas Otong : Kowé seneng guyon opo ora?
Mas Karjo : Mboten pak, kulo serius yén nyambut damel.
Raden Mas Otong : Ra ketompo.....
Mas Karjo : Waa......kok ngoten?
Raden Mas Otong : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress.
Mas Karjo : Sak jané nggih sekedhik sekedhik seneng guyon.
Raden Mas Otong : Malah ora ketompo.
Mas Karjo : Lho kok......
Raden Mas Otong : Engko kowé mung email emailan sing lucu.......
Raden Mas Otong : Kowé mau mréné numpak opo?
Mas Karjo : Nitih mobil
Raden Mas Otong : Kowé ora ketompo
Mas Karjo : Sebabipun?
Raden Mas Otong : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowé njaluk mundhak bayar terus
Mas Karjo : Wo, kulo wau namung mboncèng, kok
Raden Mas Otong : Tambah ora ketompo
Mas Karjo : Lho, lha kok ... ?
Raden Mas Otong : Mengko mung gawéné mboncéng mobil kantor. Ngrusuhi !
Raden Mas Otong : Anakmu akèh opo sithik?
Mas Karjo : Kathah pak
Raden Mas Otong : Kowé ora ketompo
Mas Karjo : Sebabipun ?
Raden Mas Otong : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus
Mas Karjo : Lha wong namung anak adopsi, kok.
Raden Mas Otong : Tambah ora ketompo
Mas Karjo : Lho, lha kok ... ?
Raden Mas Otong : Gawé anak waé aras2en, opo manèh nyambut gawé
Raden Mas Otong : Kowé
Mas Karjo : Dèrèng
Raden Mas Otong : Kowé ora ketompo
Mas Karjo : Sebabipun ?
Raden Mas Otong : Arep nyambut gawé kok ora ngerti gaweyané ?
Mas Karjo : Oo, nèk damelan niku mpun ngertos kok
Raden Mas Otong : Tambah ora ketompo
Mas Karjo : Lho, lha kok ... ?
Raden Mas Otong : Kowé rak mung arep keminter, to ?
Raden Mas Otong : Kowe ngerti kahanan kantor kéné durung
Mas Karjo : Dèrèng
Raden Mas Otong : Kowé ora ketompo
Mas Karjo : Sebabipun ?
Raden Mas Otong : Arep nyambut gaw é kok ora ngerti kantoré ?
Mas Karjo : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok
Raden Mas Otong : Tambah ora ketompo
Mas Karjo : Lho, lha kok ... ?
Raden Mas Otong : Kow é senengané ngudhal-udhal wewadi kantor, to?
Raden Mas Otong : Kowé kerep loro ?
Mas Karjo : Mboten
Raden Mas Otong : Kowé ora ketompo
Mas Karjo : Sebabipun ?
Raden Mas Otong : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering
Mas Karjo : Wah, sakjanipun nggih asring
Raden Mas Otong : Tambah ora ketompo
Mas Karjo : Lho, lha kok ... ?
Raden Mas Otong : Kantor iki ora nompo karyawan pileren.
Raden Mas Otong : Kowé biso main Internét?
Mas Karjo : mBoten
Raden Mas Otong : Kowé ora ketompo
Mas Karjo : Sebabipun ?
Raden Mas Otong : Perusahaan ora nompo wong BI (Buta Internet)
Mas Karjo : Wah, sakjanipun nggih saged
Raden Mas Otong : Tambah ora ketompo
Mas Karjo : Lho, lha kok ... ?
Raden Mas Otong : Mesthi ora bakal nyambut gawé, kakèhan dolanan Internet, to? Ngenték-entekké pulsa !
Raden Mas Otong : Kowe waras opo ora?
Mas Karjo : Lha, kulo nggih waras to Pak.
Raden Mas Otong : Ra ketompo..... ..
Mas Karjo : Kenging nopo .....?
Raden Mas Otong : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
Mas Karjo : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
Raden Mas Otong : Malah ra ketompo..... .
Mas Karjo : Pripun to niki....?
Raden Mas Otong : Mengko aku duwe saingan..... .....
Hihihihihihihi…….
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
silakan berkomentar disini tapi yang bersifat membangun ya, dan jangan menggunakan kata-kata kasar. terima kasih telah mengunjungi blog saya.